Busana Adat Jawa Dinten Kemis Guru Saha Karyawan SMA Negeri 1 Karangreja

Karangreja – Wonten ingkang beda nalika ningali Bapak Ibu Guru saha Karyawan wonten ing dinten Kemis menika. Biasanipun Guru saha Karyawan SMA N 1 Karangreja ngagem busana batik, ananging wiwit dinten Kemis menika Guru saha Karyawan SMA N 1 Karangreja sami ngagem busana adat Jawa. Adhedhasar surat edaran (SE) Nomor 065/0016031/2019, pegawai saha karyawan Pemprov Jateng wajib ngagem busana adat Jawa nalika dinten Kemis minggu kapisan dumugi minggu katelu, lajeng dinten Kemis minggu pungkasan ngagem busana adat nusantara.

Sejatosipun kebijakan menika sampun dipunwajibaken saben tanggal 15, ananging dipunewahi dening Gubernur Ganjar Pranowo, bilih busana adat jawa dipunagem saben dinten Kemis. Babagan menika minangka salah satunggaling cara kangge nguri-uri kabudayan Jateng.

Miturut Guru saha Karyawan SMA N 1 Karangreja, ngagem busana adat Jawa menika dados mindhakaken raos bangga lan bungah, amarga saged ndherek nguri-uri kabudayan Jawa. Babagan menika mboten dados alangan Bapak Ibu Guru nalika nindakaken kewajiban mucal pasinaon lan nindakaken aktivitas sanesipun. Ngagem busana adat Jawa ugi dados teladan ugi tuladha kangge para siswa, supados siswa tepang babagan busana adat. Miturut Ibu Anisa Kusumastuti minangka guru Fisika SMAN 1 Karangreja inggih menika “Kulo mboten rumaos angel nalika ngangge busana adat Jawa, malah menika ndadosaken swasana ngremenaken tumrap guru lan siswa nalika pamulangan, bab enggal menika ndadosaken Bapak Ibu Guru ketingal langkung ayu-ayu lan bagus-bagus”.

Penulis : Kurniyati Kelana, S.Pd.

Editor: HBN